Rabu, 16 November 2011

Sebisa bisane bayah..

Assalamualaikum..
Sedurunge njaluk pangapura ora maksud garep nyinggung perasaan lian lan juga njaluk pangapura nek postingan kiye wis pernah dewaca utawa pernah krungu.

Ana Kepala Desa sing pancen deweke boro-boro tekan bangku kuliah tamat SD acan juga ora.
Nah pernah siji wektu deweke lunga boncengan karo kancane pas wektu mbengi. Soale mlakune pancen nrabas alas liwang liwung sing kondang wingit kepaten paten. Walaupun [..basa jawane apa?] uwis aseng batir tetep bae perasaan minggring lan nggegirisi ketambah anyes kenang barat. Pas agi mlaku madan kenceng ijig-ijig nang ngarepe keton kaya mahluk sing rupane medeni banget [kayane gandarwo mbok] spontan ngerem motor nganti njengkelit tapi ora rubuh. Nang njeron rasa wedi [maksude dalam keadaan takut] mata tetep wani ndeleng mahluk kuwe kambi nang ati ndilalah kemutan Gusti Alloh, tapi bingung garep maca donga apa kira2 nek ketemu mangsan sing kaya kuwe..esih sempet mikar mikir..oooh gemien aku dong  sekolah TK tau dewarai donga "Allahuma bariklana fima razaktana wakina 'adza bannar", nah pokoke mbuh sing penting maca donga, aro yakin maring Gusti Alloh. Gumun campur seneng sawise maca donga sepontan mangsan mau ilang. Kancane sing mbatiri juga gumun apa sing dewaca nang Pak Lurah mau. Terus deweke takon "Pak Lurah jane apa sing dewaca nang sampean miki" Pak lurah njawab" Aku miki maca donga Allahuma bariklana...bla..bla..bla.. aya kuwe" ooooh batire terus mikir " Mungkin gara2 donga arep madang terus gendurwone wedi mbok darani garep depangan kali ya?" hahahaha..boleh..boleh..boleh

Maksud sing tersirat lan tersurat monggo di petang kiyambak

0 komentar:

Posting Komentar

Template by : kendhin x-template.blogspot.com